Kanca Wingking
-kagem ibu
ing semana dadi unen-unen
manawa wanita kuwi kanca wingking
nanging kuwi mbiyen
nalika simbah buyut isih
ora mung kuwi
sing dadi pathokan ing bebrayan
apa maneh ing babagan weton
kudu ngerti etungan
wanita
ora pareng sanja tangga
ora pareng madhang karo crita
ora pareng nyaruwe rembuge priya
isih akeh apa kang dadi aling-aling
malah, isih ana siji loro sing nguri-uri
kamangka kahanan wis beda
kaya wis luntur bareng karo owah-owahan kabudayan
bener, wanita kuwi kanca wingking
nanging kudu bisa sumandhing
jejer njangkah bareng priya
kaya kodrate manawa wanita saka balung iga
-21 Desember 2025
Nulis ing Pager Tembok
kok kebangeten
didakwa ora ngerti babagan seni
angger nyenthelke ukara
tanpa ana rasa
ing tembok-tembok pager putih
pating clemot gawe ukara kang nyalawadi
ngundhat-undhat apa kang wis dumadi
negeske, ora mung sak derma nggelani
elinga,
tembok-tembok kui dadi paseksen nalika semana
bocah loro ninggalke donya ing tembok-tembok kui
ambruk, ngebruki bocah loro sing padha jethungan
apa karepmu nulisi tembok nganggo werna ireng?
mung kelingan nalika ing meja ijo nyritake kahanan sak benere
ing meja ijo nangis kelingan adhine kebrukan tembok
ing mejo ijo mbengok ora sak karepe kelingan gegere warga protes
patang tahun kepungkur
atine ajur ing kunjara
nggolek bener kejiret angka-angka saka pasal-pasal sulaya
kang ora kuwawa nabrak, malah dadi sengkala
arepa piye klelep ing pandakwa
arepa piye ndleseb ing papan peteng
arepa piye luh wis asat ing pakunjaran
arepa piye kudu isa nampa kasunyatan
ya mung iki isaku
nggambar lan nulis ing tembok-tembok pager kanggo nambal gela
masiya kudu ngadhep maneh ing meja ijo
-Desember 2025
Kenya Ngarep Omah
nalika raga semeleh
wewayangan kenya sore mau durung ilang
tak slamur ing thelenge donga
ajeg mbeda ning usuk kang jejer ing senthong
eseme kang ngujiwat
kanthil ngisor alis
mepet lan nunjem ing thelenge ati
tak slamur-slamurke, ngenam ratri
panggah ora pupus saka wengi kang mrambat peteng
kenya ngarep omah
mbiyen blas ora ana rasa
mulih saka pawiyatan
gawe getere ati kang lagi suwung
wengi tansaya wengi
kaya-kaya mung duwekku lan kenya kui
-senthong, 230725
Ing Pangkon
gendhuk ngguguk
ngutahke luh ning pangkon
ora ana udan ora ana panas
sesrenggukan ngudhar prastawa
wis sakuntara ora ana warta
ngendi papan?
kabeh ora padha ngira
manawa gendhuk mulih ngguguk ing pangkon
pitung dina luput simbok kondur
mataun-taun mung nyawang gambarmu, dhuk
arepa piye tetep dadi pangarep-arep nganti puputing yuswa
bapa kudu piye karo sanak kadang?
apa kudu nyethake maneh manawa sliramu isih, ndhuk?
nadyan rasa gela ing pereng atimu tan bisa dilebur
ngguguka sak tutugmu
bapa ora nyandhet lakune luhmu
bapa ora menggak atimu eling biyungmu
bapa ora tega ngelab luhmu ning pangkon
bapa mung isa ngaras rambutmu ing pangkon
bapa mung isa nyawang sliramu kanthi thelenge ati
-Wirosari, 220725


