Advertisement

Ing Plataran Sekolahan

isih ngecembeng
banyu saka langit katon amem
grimis durung bisa lerem
ngriwis kumepyur ing papan nambah adhem

godhong lan pang-pang panggah obah
anteng nampa banyu saka langit
ing plataran siji loro bocah payungan
netepi dina wancine mlebu ing pawiyatan

kekeh, kudu bisa netegke karep
ora nggesehke rasa saka tibane banyu langit
netegke rasa, ing tembe bakal kawaca
sapa kang temen bakale ayem

-Januari 2026

Lingsa ireng

meh kabeh padha mangerteni
lingsa rupa ireng ing thelenge ati
ora mung siji loro sing kepatri
sak awak kojor tumpuk suh dadi siji

mbuh kapan isa ngresiki
saben wayah ratri, katon rasa giris
kudune ana sing mecaki
ngluwar lingsa siji mbaka siji

wis sewindu ngendhem ing raga
ngosak asik lelakon tanpa tidha-tidha
lingsa ireng arupa crita
nalika biyung kondur kasusul bapa

kaya wis ilang cagak ing ati
kang dadi gegondhelaning jati
hamung siji kang dadi sesaji
eling mring Gusti kang siji

muga enggal uwal saka raga
lingsa ireng kang mbeda jiwa
bali kaya nalika semana
ngudang kanthi gendhing kamulyan

-Januari 2026

Lola

mlaku ing pinggir dalan
ora wani nyawang
anane mung tratapan
nggembol lakon kang kecanthol saben rina

wis unjal saka trah
merga kahanan
wis uwal saka sanak kadang
mega wis ora nduwe sapa-sapa

mlaku luru tamba
ngalor ngidul dalu lan rina
nenuwun mring kamurahaning Gusti
minangka tameng ing donya

Januari 2026

Dina Becik

sore hawa adhem mblusuk balung
udan ngreceh sedina njekut
bocah loro mbakyu adhi ulate mrengut
ana rasa tan nggelut

payung ireng nutupi awak mlebu lurung
saya cedhak ati saya njetung
arep matur piye marang bapa biyung
semester iki ora ana sing dipetung

ora kaya sing diangen
Bapa Biyung mesem
bocah loro nggapyuk sesrenggukan
Bapa Biyung ngendika kanthi rasa

bocah loro mesem ing pangkon
pancen bener biji ning rapot kui mung angka
Bapa Biyung ora butuh angka nanging bekti marang rama ibu lan marang sapa wae
mata wateg sing bisa nyengsemke ing tembe

ing dina iki ora ana kang nggege kudu ngene ora kena ngono
ing dina becik iki ana rasa kang bisa mbukak lawang ati
ing dina besik iki Bapa Biyung ora ngrudha mring kekehing angka ing sak lembar kertas

-Januari 2026

Banjir

Banyu sing mili ora kaya biasane
Anteng, ora gemrudug gawe giris
Mbuh saka ngendi
Gawe tratapan swarane

Pinggir kali padha pating jlerit
Nyawang polahe para sanak kadang
Padha golek panggonan kanggo ngungsi
Kenthongan ora leren nambahi tintrim ing ati

Tanggul kang kekeh ws ora kuwawa nadhahi warih
Ambyar, jebol ngentirke apa sing kesaut
Kabeh uluk, pasrah marang Gusti
Ora kuwagang nadhahi teka banyu mbedhah tanggul nugel dalan anyar

Anane mung piye lan piye
Arep maido njur sapa sing dipaido
Arep nyalahke njur sapa sing salah
Kabeh salah, aja mung ngekehi benere dhewe

-Februari 2026

 Qulhu

Kandhakna, manawa Gusti kui siji
Panggonan nenuwun, ya mung siji
Ora ana panggonan liya
Ya mung siji

Kandhakna manawa Gusti kui siji
Ora kagungan putra lan putri
Ora bakal padha karo dzat
Ora bakal padha karo liya

Ya mung siji
Gusti kang paring gesang lan karaharjan
Ing alam iki

MBG

Kahanan wis ora lumrah
Sing lumrah malah digawe bubrah
Ngadhepi polahe bocah sekolah
Nalika oleh kabar sing ora lumrah

Saben teka ing plataran
Ngedhunke ompreng lan wadhah
Para dwija nata jatah
Kanggo para siswa ing sekolah

Piye olehe nata ing jam mulang?
Apa ya kudu ngrampas jam-jam mulang?
Petugas MBG ndhesek para dwija
“Sing diladeni ora mung sekolah kene thok, bu?”

Sekolah ora wani selak, apa maneh mbantah
Sekolah ora wani protes, masiya jam mulange dirampas petugas

Bakul-bakul ning kantin mung nyawang
Pikirane mabur ning awang-awang
Mbuh oleh tukon krupuk lawuh sing ning ngomah, apa ora?

Pokoke program kudu mlaku
Sing ning kantin mbuh olehe mlaku
MBG pancen jitu
Nandur rasa lan semangat asor marang wong tuane
Nandur luh mring bakul-bakul cilik

-Februari 2026

Facebook Comments Box

Penulis: Nur AhsanEditor: Badiatul Muchlisin Asti

Komentar Ditutup! Anda tidak dapat mengirimkan komentar pada artikel ini.